Get Image Rollover Effects at crazyprofile.com

Wednesday, January 10, 2007

Tulusing Janji ( Hanum Hayu Diningrat )

Gumlagating rahino gumebyar
Kalindap mendung awang awang
Netramu tumetes eluh sarwo mili
Katon ralilo nyawang pamitku

Kageget lathi katresnaning ati
Gawang kepungkur tilas geglayuti
Semono lawase ngugemi jelanteraning kekasihan
Anging saiki kasekat jarak
Kang tansah gawe nelongso
Kepoyang payingane ati ora biso ditutupi

Diajeng ...
Lungaku ora suwi,aku mesti enggal bali
Aku ora bakalan lali lan tansah ngugemi janji
Seksenono lelakon ku
Katulis alus mung kanggo sliramu
Tumusing manah sak kebak ing ludiro

Diajeng ...
Aku tansah tresno sliramu
Kayoto manuk emprit ngibaske elar
Tatkalane gerimis netes.
Tak suwun marang sliramu
Ilangono runtik ing atimu
Netepono janji kang wus katutur
Ojo gawe cethek e padas kang lamis

Nganti mengko aku bali
Dino kaserahing mahar lan saksi
Katuju setinggil temanten angikrari

Buwono wengi katlusupo wangi
Kembang ati mujio marang gusti
Pinanggih rahayu lir ing sambikolo
Hamengku yuwono
Mugi katresnan iki pinayungan langgeng
Nganti mimi uni

0 Comments:

Post a Comment

<< Home

My Photo
Name:
Location: Seoul, South korea, Indonesia
Untuk Mengkonversi ke celcius

Powered by Blogger

Get graphics at Nackvision.com