Get Image Rollover Effects at crazyprofile.com

Sunday, December 10, 2006

Goro goro


Goro-goro....
Goro garaning manungsa sak pirang-pirang
Yen diitung saka tanah jawa nganti bumi sebrang
Uripe manungsa kena kaibaratake kaya wayang
Mrana-mrene pikire mung tansah nggrangsang
Nanging keri-kerine mung oleh wirang.

Goro-goro.....
Wolak-walike jaman menungsa kakean dosa
Merga ora ngerti tata krama
Senengane tumindak culika
lan nerak uger-ugere agama
Wani nekak janggane sapada manungsa
Eling-eleng deweke duwe panguwasa
Najan to olehe nekak ora pati loro
Nanging saya suwe ya saya kroso
Ora sanak ora kadang waton atine bisa lega.

Goro-goro......
Goro-goro jaman kala bendu
Wulangane agama ora digugu
Sing bener dianggep kliru sing slah malah ditiru
Bocah sekolah ora gelem sinau
Yen dituturi malah nesu bareng ora lulus ngantemi guru
Pancen prawan saiki ayu-ayu
Ana sing duwur tor kuru,ana sing cendek tor lemu
Sayang sethitek senengane mung pamer pupu.

Goro-goro........
Goro-goro jaman,jaman kemajuan
Uripe manungsa wis sarwa kecukupan
Ora kurang sandang,pangan,papan,lan pendidikan
Ananging malah akeh wong sing menggok ndedalan
Kayu,watu kanggo sesembahan,domino,lintrik kanggo panggautan
Senengae mung muja bangsane jin klawan syetan
Dasar menungsa sing tipis iman.

Goro-goro..........

Pungkasane goro-goro medal Ki Lurah Petruk.........



Di sunting dari Wikipedia sastra jawa.
My Photo
Name:
Location: Seoul, South korea, Indonesia
Untuk Mengkonversi ke celcius

Powered by Blogger

Get graphics at Nackvision.com